Preinan Sekolah

         Preinan wingi nyong karo keluarga lunga maring Kota Surabaya maring umah mbah.  nyong lunga maring Surabaya numpak sepur. anjog ning kana aku dijemput karo padhe ku. pas nyong pan mulih maring umah mbah nang ngarep stasiun dalanne rame nemen. akeh nemen motor, mobil,becak, sing lewat neng ngarep stasiun. 
           Pas nyong anjog nang umah mbahe nyong jebule nang kono ana sodara ne nyong sing umahe nang sidoarjo. nyong seneng nemen soale nyong wis suwe ora ketemu sadulure nyong sing nang sidoarjo.nang umah mbahe nyong jebule rame nemen ora mung ana sadulure nyong sing saking sidoarjo, ana maning sadulure nyong sing saking jakarta. aku seneng nemen soale nang umah mbah rame nemen dadine nyong bisa dolan bareng karo sadulur sadulure nyong.
          Ngesuke, nyong karo sadulure nyong mlaku mlaku muter muter kota Surabaya. nyong mlaku mlaku maring Taman Bungkul Surabaya , lunga maring mall balik saking mall aku maring umah sadulure aku sing liane.pas anjog nang umah sodarane nyong dolan bareng karo sadulur ku sing liyane. nyong nang surabaya ora suwe. tapi nyong seneng nemen soale nyong bisa ketemu lan dolan bareng karo sadulur sadulur ku sing saking Surabaya, Jakarta, Sidoarjo. nyong juga bisa ketemu mbahe nyong sing nang Surabaya. nyong seneng nemen soale aning nyong nang tegal nyong laka sodarane nyong sing umahe nang tegal. nyong juga seneng nang tegal soale bisa dolan karo kanca kancane sekolahe nyong.
            Pas nyong mulih saking Surabaya nyong preinanne nyong mung nang umah. kadang aning esuk esuk melu ibune nyong maring pasar. nyong nang umah mung dolanan hape, mangan,turu wkaro mbantuni ibu nyapu umah karo ngepel.

Komentar

Postingan Populer