Ulang Tahun Espero

Dina sabtu wingi, tanggal 3 agustus nang smp 2 ana acara ngerayakna ulang tahunne smp 2. ulang tahun spenda tahun kie luwih rame saking ulang tahun spenda taun wingi. ulang taun spenda kie acarane akeh nemen jon ngundang barongsai ana apa.  acara sing pertama kue khotmil qur'an 30 juz. sing khotmil qur'an kue mung pengurus rohis tok. sing ora melu khotmil qur'an kue melu jalan sehat. jalan sehat e kue dipimpin karo bocah bocah hadroh smp 2. sing hadroh kue melu numpak mobil tuli mlaku ne paling ngarep.

Pas neng tengah dalan lagi mlaku sehat ujug ujug ana bocah sing maen barongsai lewat gagah gagah maning, nang dalan pada gemboran ngomongi mas mas barongsai. ujug ujug mas mas barongsai ne melu jalan sehat eh pas lagi pada mlaku malah pada sol solan eben bisa bisa ndeleng mas mas barongsai ne. pas jalan sehat rampung bar kue ana acar sambutan saking kepala sekolah karo potong tumpeng nggo meringati hari ulang tahune espero. bar kue ana acara sewu ponggol, acarane namane sewu ponggol tapi kakean saben kelas mangane ayam krispi.

Pas lagi mangan ujug ujug mas mas barongsai nembagi mbagi amplop, lah amplop kue dikongkong di isi duit, receh mbuapa sing menting diisi. lah kue engko amplop bakal dijukut karo mas mas barongsai ne.  kas rampung mangan mas mas barongsaine ngelakukna atraksi karo njukuti amplop mau. lah pas lagi njukut amplop mau eh kan mas barongsai ne buka topeng lah jebule sing dadi barongsai gagah nemen. guru guru be pada gemboran karo njaluk foto.

Komentar

Postingan Populer